Sabtu, 19 Januari 2019

Cerkak Basa Jawa Amarga Hp

Amarga Hp
Sawijining dina ing Desa Jeblog akeh bocah-bocah sing padha dolanan Hp android. Bocah-bocah kuwi mau padha iseh SD. Ing salah sijine bocah ana sing jenenge Kholis. Kholis iku bocah sing ora duwe HP dewe. Dheweke mung isoh delok kancane sing dolanan Hp.
Ing jaman saiki emang Hp iku dadi barang sing penting banget. Apa meneh saiki ana Hp android sing canggih, apik, lan praktis.
Kholis iku bocah kelas 6 SD sing dhilit meneh arep Ujian Nasional. Kholis iku uga bocah sing sregep sinau lan tlaten. Dheweke kerep ngewangi bapak kalih ibuke. Dheweke ugo kerep entuk rangking apik.
Tapi sakwise Kholis ndelok kanca-kancane padha tuku Hp, Kholis kepengen tuku. Kholis nyuwun kalih bapake, nanging bapake ora isoh nukokke Hp saiki. Amarga bapake Kholis gur bakul pasar sing gajine gur pas-pasan.
Saben sekolah Kholis mesti minder karo kanca-kancane, amarga ora duwe Hp.
“Lis, renea aku duwe game apik iki ! ” ujare Bambang nyeluk Kholis karo nyekel Hp.
Kholis mara amarga pengen delok.
“Iki game sing paling apik lan sing paling anyar. Tak jamin seru banget pokoke” ujare Bambang karo nuduhke game e karo Kholis.
“Nyileh oleh ra Bang ? ” ujare Kholis.
“Nyo, tapi aja suwe-suwe ngko ndak pengin kowe,” ujare Bambang karo rada ngenyek Kholis.
“Yo sesuk, nek duwe duwit aku tuku Hp android sing apik,” ujare Kholis karo guyu.
            Kholis nyoba game kuwi mau. Jebule game e asyik banget, Kholis dadi tambah kepengen tuku Hp. Amarga kui Kholis nabung saben dina dinggo tuku Hp.
            Saben mulih sekolah Kholis lan kanca-kancane padha dolan nang cakruk. Bocah-bocah kuwi mau padha dolanan Hp nang kana amarga ana wifi ning cedake.
“Lis endi Hpmu, kandhamu arep tuku Hp,” pitakone Bambang
“Kosek, aku lagi nabung iki. Duwitku urung cukup, dilit ngkas paling,” ujare Kholis
“Ya wis, kowe delok aku main wae. Nek kowe wes duwe Hp bisa dolanan bareng ngko,” ujare Bambang
“Ya, dongakke wae,” ujare Kholis
            Telung wulan sakwise, Kholis bisa tuku Hp. Dheweke seneng banget.Dheweke janji karo bapake bakalan tambah sregep anggone sinau.
            Tapi sakwise Kholis duwe Hp, saben bali sekolah dheweke malah dolanan Hp terus karo kancane nang cakruk. Kholis kro kanca-kancane dolanan nganti sore, nganti lali sholat lan lali mangan.
“Ayo cah, serang musuhe kurang sitik bisa menang iki! ” ujare Bambang
“Ayo Lis, maju terus kowe bisa ngalahke musuhe kuwi,” ujare Yudan
“Iyo iki aku lagi maju ben bisa menang,” ujare Kholis
Nganti adzan Asar Kholis lan kanca-kancane iseh dolanan Hp
“Cah! Wes Asar iki ayo sholat disik,” pangajake Kholis
“Sek-sek nanggung iki, iseh jam 3 wi sante ta,” semaure Bambang
            Nganti jam 5 sore Kholis karo kanca-kancane iseh dolanan ning cakruk. Banjur Kholis mulih disik amarga batu Hpne wes entek.
Tekan omah Kholis ditangleti karo bapake
“Bar saka ngendi Le, ket jam 12 mau kok lagi mulih saiki ?” pitakone bapake Kholis
“Anu pak...niki wau kerja kelompok, pr e kathah sanget, ” ujare Kholis kro nunduk wedi yen didukani bapake
“Ooo, yo wes. Sesuk meneh yen kerja kelompok aja nganti surup-surup ” ujare bapake Kholis
            Kholis ngapusi bapake. Nang jero kamar Kholis tetep dolanan Hp. Suwe dolanane tinimbang sinaune. Kholis dadi males sinau, amarga matane wes ngantuk delok layar Hp terus. Dheweke uga dadi lali sholat, lali mangan, lali garap pr, lan lali wektu.
            Amarga kui biji Kholis dadi mudun. Biji Try out e elek terus. Ameh saben dino Kholis karo kanca-kancane dolanan Hp nang cakruk. Dheweke urung sadar, amarga dolanan Hp luwih gayeng tinimbang sinau. Padahal dilit meneh dheweke arep Ujian Nasional.
            Muleh sekolah Kholis lan kanca-kancane dolanan Hp nang cakruk. Bar kuwi ana mbah Wono saka sawah leren nang cakruk. Mbah Wono deloki bocah-bocah sing padha dolanan Hp.
“Cah, tak delok kok saben dina padha dolanan Hp terus ki apa ora ana pr saka sekolah ta?” pitakonne mbah Wono
“Mboten wonten mbah,” semaure bocah kuwi mau bareng-bareng.
“Lha kowe do mijeti Hp kuwi opo Hpne kesel po? Mending mijeti aku wae le, awakku kesel kabeh iki,” ujare mbah Wono
“Hehehe...mboten mbah niki Hpne mboten kesel, niki nembe main game mbah, kulo nggh mboten saget mijeti niku mbah,” semaure Kholis karo guyu
“Heleh... ya wis Le, sak senengmu kana,” ujare mbah Wono
Ora let suwe mbah Wono tindak ten sawah melih.
            Ameh saben dina Kholis bali kesoren. Bapake Kholis dadi curiga. Banjur pas wektu sinau, bapake Kholis meneng-meneng langsung bukak lawang kamare Kholis.Gragapan Kholis langsung nyekeli buku ing jejere lan Hpne isih murup nang ngarepe Kholis.
“Woo lha.... ngene iki ta tumindakmu saiki. Lali sholat,lali mangan,lali adus. Jebule amarga dolanan Hp ta,” ujare bapake Kholis
“Mboten pak...” ujare Kholis
“Mboten apa! Awit saiki nek muleh sekolah langsung mulih, sinau sing sregep!” ujare bapake Kholis                                                                                                                             
“Nggih pak,” semaure Kholis kro nunduk.
            Dina sakwise Kholis mulih ora bareng kancane meneh. Dheweke langsung muleh ora mampir nandi-nandi. Nanging Kholis ora bisa lepas karo Hpne. Kholis mlaku muleh karo dolanan Hp. Dheweke mlaku nganti ora ngawaske dalan. Amarga kui Kholis kesandung watu pinggir dalan banjur nubruk tiang listrik. Hpne icul saka tangane Kholis.
“Adhuh...Hpku endi iki?” ujare Kholis karo tangi goleki Hpne
“Astagfirullah, Hpku nyemplung peceren!” ujare Kholis kro nangis
Awake Kholis ora apa-apa. Nanging Hpne nyemplung peceren. Banjur Kholis jikuk Hpne. Jebul layare retak lan Hpne ora isoh murup. Kholis nangis saya banter.
Dheweke ngresiki Hp nang omah lan isih nangis. Banjur bapake teka takon karo Kholis.
“Ana apa ta Le, kok muleh sekolah nangis?” pitakonne bapakke
“Niki pak... Kan kula mantuk sekolah mlampah, kula mlampah kaliyan dolanan Hp. Kula mboten ketingal dalan, banjur niku kula kesandung watu lan Hp kulo kecemplung peceren. Sakniki Hpne rusak kalih mboten saget murup,” ujare Kholis kro iseh nangis.
“Woo lha kuwi salah sijine akibat dolanan Hp, nganti ra gagas apa-apa,” ujare bapake Kholis.
“Yo wis, Hpne tak simpine disik, mengko yen bubar Ujian Nasionalmu tak service ke,” ujare bapake Kholis.
“Nggih pak,” ujare Kholis
“Kowe saiki fokus sinau wae, sing sregep lan tlaten, sholate aja mbok tinggalke. Hp kui mung marai kowe males. Suwe-suwe kowe tambah bodho yen cedak karo Hp terus,” ujare bapake
“Nggih pak,” ujare Kholis
            Bubar kedadeyan kui Kholis dadi sregep sinau. Dheweke pengen entuk biji apik pas Ujian Nasional. Yen dijak dolan kancane, Kholis mesti nolak. Dheweke wegah melu-melu kancane meneh.
“Lis ayo dolan,” pangajake Bambang.
“Wegah, aku pilih sinau wae,” ujare Kholis                                                                                     
“Wee... saiki wes tobat ta, lha ngapa wegah?” pitakonne Bambang
“Aku pengen entuk biji apik pas Ujian Nasional, aku pengen wong tuwa ku seneng. Hp kui gur marai aku males sinau. Nek dolanan Hp trus, bijiku elek ngko,”ujare Kholis
“Halah sok-sokan, ngomong wae hpne rusak,” ujare Bambang karo ngenyek
“Yo wis, aku tak ngejak Yudan wae, sik yo...” ujare Bambang
“Yo kana,” ujare Kholis
            Kholis ora gagas pangajake kancane. Dheweke pilih sinau. Amarga kui Kholis entuk biji apik pas Ujian Nasional, bapak lan ibuke padha seneng. Kholis uga seneng amarga bisa ninggalake kebiasaan dolanan Hp lan entuk hasil sing apik.

Jangan lupa komen dan share jika bermanfaat :v